Kamis, 15 Maret 2012

Sasmitane impen(4)

31: Ngimpi cinakot ing ula mandi iku pratanda bakal,kinasihan ing wanita priya.
32: Ngimpi kaweruhan damar murup,iku pratanda becik bakal katekan sedyane
34: Ngimpi wong mabur ing awang awangiku pratanda becik,jembar tebane.
35: Ngimpi andulu gunung gede iku pratanda,bakal tentrem atine.
36: ngimpi andulu segara iku pratanda,bakal luput saka sakahing pakarti,yen duwe utang bakal kasauran.
37: ngimpi kaweruhan watu iku pratanda ilang prehatine.
38: ngimpi gawe omah nganti isa dadi iku pratandane bakal katekan samubarang sedyane.
39: ngimpi rusak omahe,utawa karusakan omahe,iku pratandane bakal nemoni prehatin utawa ,kasripahan.
40: ngimpi ngombe banyu panas,iku pratandane bakal susah,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar