Selasa, 13 Maret 2012

Sasmitaning impen(3)

21: Yen ngimpi kaweruhan gurune wuda utawa tanpa menganggo,iku pratanda bakal resik budine.
22: Ngimpi tetandurane kabeh pada rubuh,iku pratandane suda rejekine.
23: Ngimpi rabi,iku pratanda bakal antuk gegaman tombak utawa keris,bisa uga duraka.
24: Ngimpi gempil warangkane kerise iku pratanda bakal kelangan bojo,utawa bakal ditinggal purik bojone.
25: Ngimpi oleh manuk,iku pratanda bakal oleh wanodya endah warnane.
26: Ngimpi kaweruhan gajah lan awake di munasika,ing gajah,iku pratanda bakal antuk kanugrahan,lan kinasihan ing wang agung.
27: Ngimpi mangan daging gajah,iku pratanda bakal akeh rejekine.
28: Ngimpi kaweruhan gajah emas,iku pratanda bakal agung bekjane.
29: Ngimpi kaweruhan ula mandi utawa welang,utawa macan gembang,iku pratanda ana wang nandukake pitenah.
30: Ngimpi kacedakan macan,yen nganti digandal adah,lku pratanda bakal kinasihan lurahe lan kinasihan ing wang agung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar