Jumat, 04 Mei 2012

sasmitaning impen (5)

41 yen ngimpi sikile metu banyune,iku pratandane bakal dadi panghulu.
42 yen ngimpi keweruhan rembulan jumedul, ing sakduwure omahe iku pratandane bakal ana wang kang ngarah ala.
43 yen ngimpi kaweruhan kukur lan kasturi,sarta banyu wangi iku pratandane bakal nandang lara.
44 yen ngmpi ketemu kanjeng nabi Muhhammad iku pratandane jembar budine padang angen angene,sugih ilmu linuwih lan gaib2 kabuka dewe sarta oleh kanugrahaning yang widi.
45 yen ngimpi ketemu kanjeng nabi Adam iku pratandane becik bakal oleh kanugrahaning pangeran.
46 yen ngimpi ketemu kanjeng nabi Isha ,iku pratandane akeh alane.
47 yen ngimpi linggih ing kursi lku pratandane akeh begjane.
48 yen ngimpi andulu suwarga kang endah, iku pratandane bakal katekan sedyane.
49 yen ngimpi kaweruhan wida dari, iku pratandane bakal munggah pangkate.
50 yen ngimpi metu saka alas, iku pratandane bakal nandang prehatin.
51 ye ngimpi manggon ing gunung iku pratandane bakal antuk drajad.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar