Kamis, 08 Maret 2012

Sasmitaning impen (seri 1)

1: Yen ngimpi lunga perang utawa memungsuhan gede,manawa menang iku bakal luput saka pancabaya akeh
begjane.yen kalah akeh bilaine.
2: Mumbul ing awng awng utawa munggah gunung kanthi padanging pandeleng,iku akeh rejekine.
3: Sumurup srengernge tiba ing bumi utawa ing ngomah iku bakal ana pasedan gede.
4: Ngimpi di uncalake utawa di buang ing wang,iku bakal antuk kemenangan lan keringan.
5: Ngimpi di samber bledek iku pratanda becik bakal kasinungan karaharjan lan kinasihan ing wang gede akeh rejekine.
6: Ngimpi andulu mega,iku pratanda bakal suda rejekine.
7: Ngimpi andulu mega putih,iku pratanda becik akeh rejekine.
8: Ngimpi mlumpat kali ora bisa,iku pratanda cepak ing patine.
9: Ngimpi slulup ing banyu,iku pratanda becik,oleh nugraha gede.
10; Ngimpi andulu prau gede,iku pratanda antuk kanugrahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar