Minggu, 19 Februari 2012

petung pasatoan tarup

pasang tarup iku ana petunge.wawaton tanggal jawa.dene petunve kaya ngisor iki:
tanggal 1.kagungane ratu.adat kena rencanane lelembut.
tanggal 2.nyeluman lanang.adat kinebat begjane.nanggung nandang ka
mlaratan.
tanggal 3.nyeluman wadon.adat kinebut begjane.nanggung kamlaratan.bedanemung rada suwe.
tanvgal 4.becik sempulur rejekine.
tanggal 5. pati lanang wadon.
petung iki amung teka 5.dadi tangga 6.pada karo tanggal1.mengkono sakpitukrute.

Jumat, 17 Februari 2012

ngalamat thethukulan

ngalamate thethukulan sajroning omah:
1, yen suket thukul sajroning omah,kang duwe omah arep pegatan lan rabine,utawa isih suwe anggane oleh jodho.
2.Yen wiji thukul ana sak jroning omah,kang duwe omah arep oleh duwit,nanging gela ilang meneh.
3.Yen wiji wowohan thukul sajroning o
mah,kang duwe omah arep bebathen

Kamis, 26 Januari 2012

Ngalamate kinjeng tangis

yen katekan kinjeng tangis ngalamate ala nemu prihatin

Ngalamate tikus clurut

yen omah di enggoni tikus clurut,ngalamate uga becik,
sugih rejeki

Petung yeyasan

petung kanggo yeyasan iku manut panca suda kasebut angka:....siji sijining petung becike kanggo yoso opa, kaya kang kapratelakae ing ngisor iki:
yen tiba:
1. Laku becike kanggo ngedegake omah mburi
2. Demang kanduruan kanggo gawe regol
3. Sanggar waringin kanggo gawe lumaung
4. Mantri sinarnja kanggo ngedegake pawon
5. Macan katawang kanggo ngedegake pendopo
6. Nuju pati kanggo gawe pager.

Petung hila duni

pratelan dina pasaran lan sasi kang becik kanggo duwe gawe mantu lan lialiane.
Sasi kang becik:
1. Jumadilakir
2. Rejep
3. Ruwah
4. Besar
kuwi tiba dina:
1. Ahad kliwon
2 .jum'at pahing
3. Saptu legi
4. Selasa wage
5. Rebo pon
6. Kemis pahing.
****
sasi kang sedengan:
1. Sapar
2. Rabingulakir
kuwi tiba dina:
1. Senen wage
2. Sabtu kliwon
3. Rebo pahing
4. Kemis legi
5.jum'at legi
6. Selasa pon

Rabu, 25 Januari 2012

Pudyaning batin manawa ana sasmita ala

upama kuping tengen muni nging utawa bek2,iku sasmita bakal nampani sasmita sungkawa,ing kono prayoga tinanggapan kalawan lantip ing cipta,sarana pamudyaning batin mangkene:winelingake ing kubur,metu ciptane tan becik,tumuli kawahyana, aja suwe lah dhaweg,lah dhaweg,lah dhaweg.