Kamis, 15 Maret 2012

Sasmitane impen(4)

31: Ngimpi cinakot ing ula mandi iku pratanda bakal,kinasihan ing wanita priya.
32: Ngimpi kaweruhan damar murup,iku pratanda becik bakal katekan sedyane
34: Ngimpi wong mabur ing awang awangiku pratanda becik,jembar tebane.
35: Ngimpi andulu gunung gede iku pratanda,bakal tentrem atine.
36: ngimpi andulu segara iku pratanda,bakal luput saka sakahing pakarti,yen duwe utang bakal kasauran.
37: ngimpi kaweruhan watu iku pratanda ilang prehatine.
38: ngimpi gawe omah nganti isa dadi iku pratandane bakal katekan samubarang sedyane.
39: ngimpi rusak omahe,utawa karusakan omahe,iku pratandane bakal nemoni prehatin utawa ,kasripahan.
40: ngimpi ngombe banyu panas,iku pratandane bakal susah,

Selasa, 13 Maret 2012

Sasmitaning impen(3)

21: Yen ngimpi kaweruhan gurune wuda utawa tanpa menganggo,iku pratanda bakal resik budine.
22: Ngimpi tetandurane kabeh pada rubuh,iku pratandane suda rejekine.
23: Ngimpi rabi,iku pratanda bakal antuk gegaman tombak utawa keris,bisa uga duraka.
24: Ngimpi gempil warangkane kerise iku pratanda bakal kelangan bojo,utawa bakal ditinggal purik bojone.
25: Ngimpi oleh manuk,iku pratanda bakal oleh wanodya endah warnane.
26: Ngimpi kaweruhan gajah lan awake di munasika,ing gajah,iku pratanda bakal antuk kanugrahan,lan kinasihan ing wang agung.
27: Ngimpi mangan daging gajah,iku pratanda bakal akeh rejekine.
28: Ngimpi kaweruhan gajah emas,iku pratanda bakal agung bekjane.
29: Ngimpi kaweruhan ula mandi utawa welang,utawa macan gembang,iku pratanda ana wang nandukake pitenah.
30: Ngimpi kacedakan macan,yen nganti digandal adah,lku pratanda bakal kinasihan lurahe lan kinasihan ing wang agung.

Jumat, 09 Maret 2012

sasmitaning impen(2)

g11: Yen ngimpi kecemplung sumur mati,iku pratanda bakal antuk kawruh anyar.
12: Ngimpi mangan iwak menjangan,iku pratanda bakal antuk duwit.
13: Ngimpi antuk jago utawa adu jago, iku pratonda bakal duwe anak lanang bagus rupane.
14: Ngimpi entuk pitik babon, iku pratanda bakal duwe anak wadon.
15: Nbimpi weruh ing longane ana pitik akeh,iku pratanda bakal sugih rewang.
16: Nimpi kaweruhan daging pitik utawa endase,iku pratanda bakal antuk kabecikan.
17: Ngimpi kaweruhan dakar wedus,iku pratanda bakal ilanb kasugihane, yen lara waras.
18: Nbimpi nunggang unta utawa jaran,iku pratanda bakal a tuk kamulyan.
19: Nbimpi wuda iku pratanda bakal kawirangan.
20: Ngimpi kaweruhan urune iku pratanda bakal antuk sihing yang widi.

Kamis, 08 Maret 2012

Sasmitaning impen (seri 1)

1: Yen ngimpi lunga perang utawa memungsuhan gede,manawa menang iku bakal luput saka pancabaya akeh
begjane.yen kalah akeh bilaine.
2: Mumbul ing awng awng utawa munggah gunung kanthi padanging pandeleng,iku akeh rejekine.
3: Sumurup srengernge tiba ing bumi utawa ing ngomah iku bakal ana pasedan gede.
4: Ngimpi di uncalake utawa di buang ing wang,iku bakal antuk kemenangan lan keringan.
5: Ngimpi di samber bledek iku pratanda becik bakal kasinungan karaharjan lan kinasihan ing wang gede akeh rejekine.
6: Ngimpi andulu mega,iku pratanda bakal suda rejekine.
7: Ngimpi andulu mega putih,iku pratanda becik akeh rejekine.
8: Ngimpi mlumpat kali ora bisa,iku pratanda cepak ing patine.
9: Ngimpi slulup ing banyu,iku pratanda becik,oleh nugraha gede.
10; Ngimpi andulu prau gede,iku pratanda antuk kanugrahan

petung kanggo gawe sumur

yen wong arep gawe sumur,luwih disik angukura dah cedake,dununge(trepe) bakal sumur,karo tengah tengahe jogan(dirambah) nganggo ukurane depa.petunge mengkene,
Yen turahe ana=
1 sri tegese serepan
2 dunya tegese kerep kelangan
3 arta tegese asatan
4 suwarga tegese becik
5 naraka tegesesla sak kacemplUngan uwung.

petung kanggo golek manuk

Petungewong golek manuk,mbedil anjaring,pasang kala ,neptune dino pasaran dibuang 3-3
Yen turahe ana=
1 gagal tegese ala
2 gigil tegese becik
3 gigol tegese becik

Selasa, 06 Maret 2012

Rajamuka pati jaba pati jero

iki petunge jaya apesing dina,miturut tumibane tgl 1-30'menawa uwang kaleban maling, utawz katempuh keju sak pepadane, bisa ngangkah slamete;
* tgl apesing dina kang kalebu pati jero, yaiku tgl 1/4/6/8/9/10/13/19/17/18/21/23/29/30/lan26.
Tgl apesing dina kang kalebu pati jab,yaiku tgl 2/3/7/11/12 16/19/20/24/27/28.
Tgl kang pada slamete, yaiku tgl:
5/14 /22 lan 30

Senin, 05 Maret 2012

petung kanggo golek iwak loh

petunge wong golek iwak loh,gunggunge neptune dina lan pasaran dibuang 4_4 yenturahe ana:
1 otak sedeng
2 iwak becik
3 ubeng ala
4 jantra ala