Kamis, 26 Januari 2012

Ngalamate kinjeng tangis

yen katekan kinjeng tangis ngalamate ala nemu prihatin

Ngalamate tikus clurut

yen omah di enggoni tikus clurut,ngalamate uga becik,
sugih rejeki

Petung yeyasan

petung kanggo yeyasan iku manut panca suda kasebut angka:....siji sijining petung becike kanggo yoso opa, kaya kang kapratelakae ing ngisor iki:
yen tiba:
1. Laku becike kanggo ngedegake omah mburi
2. Demang kanduruan kanggo gawe regol
3. Sanggar waringin kanggo gawe lumaung
4. Mantri sinarnja kanggo ngedegake pawon
5. Macan katawang kanggo ngedegake pendopo
6. Nuju pati kanggo gawe pager.

Petung hila duni

pratelan dina pasaran lan sasi kang becik kanggo duwe gawe mantu lan lialiane.
Sasi kang becik:
1. Jumadilakir
2. Rejep
3. Ruwah
4. Besar
kuwi tiba dina:
1. Ahad kliwon
2 .jum'at pahing
3. Saptu legi
4. Selasa wage
5. Rebo pon
6. Kemis pahing.
****
sasi kang sedengan:
1. Sapar
2. Rabingulakir
kuwi tiba dina:
1. Senen wage
2. Sabtu kliwon
3. Rebo pahing
4. Kemis legi
5.jum'at legi
6. Selasa pon

Rabu, 25 Januari 2012

Pudyaning batin manawa ana sasmita ala

upama kuping tengen muni nging utawa bek2,iku sasmita bakal nampani sasmita sungkawa,ing kono prayoga tinanggapan kalawan lantip ing cipta,sarana pamudyaning batin mangkene:winelingake ing kubur,metu ciptane tan becik,tumuli kawahyana, aja suwe lah dhaweg,lah dhaweg,lah dhaweg.

bakal tumibaning wahana ora kena di singkiri.

mungguh bakal tumibaning wahana mau,ora kena di tulak,mula manawa ana sasmita ala lan becik kudu di tampani kanti legawaning ati,manawa bakal nampani wahana kang becik,aja girang girang gumuyu,malah paqaha marang yang suksma,bakal nandang suka,kasak baline,manawa bakal nampani wahana ala,aja was sumelang ing ati,ngengetana manawa sakehing lelakon ala lan becik,begja,cilaka,sungkawa,iku kapurcsaka karsaning kang maha kuwasa,bkbkhane titahamung sak derma nglakani,yen mingkuha bakal nampani sungkawa,jeneng ora mangestakake karsand yang kang sajati,tur ora wurung bakal anemahi,mulamuga dipanggah tumiba,aja nganti suwe ruwe,karya anglakani suka.

Selasa, 24 Januari 2012

Pati uriping sasi

Pati uriping sasi.
ing saben tahun mesti ana sasi kang becik sarta sasi kang ala,mulamanawa wong arep duwe gawe,sayogyane amilia sasi kang becik,anyirika sasi kang ala.
Rehning saben tahun iku mengku sasi:12,araning sasi mau ing sasi sura:1. Sapar:2. Mulud:3 sakpiturute.
1. Tahun alip sasi kang becik-1(sasi kang ala-9.11.
2. Tahun ehe sasi kang becik-1.2.6.7.8.10(sasi kang ala_4.9.11.12.
3. Tahun jimawal-sasi kang becik-7.8.10.(sasi kang ala_1.2.8.5.12.
4. Tahun je sasi kang becik-4.5.6.7.8.9.12(sasi kang ala_1.2.10.11.
5. Tahun Dal sasi kang becik-6.7.9.12(sasi kang ala_2.3.8.11.
6. Tahun be sasi kang becik-6.12 (sasi kang ala_1.2.7.
7. Tahun wawu sasi kang becik-2.3.4.5.9(sasi kang ala_1.10.11.12.
8. Tahun jimakir sasi kang becik-3.4.7.8.10.12(sasi kang ala_1.11
angkane sasi kang ora kasebut,iku sedengan,ora becik ora ala.

Senin, 23 Januari 2012

petung kanggo pitakonan warna warna

petunge neptune dina lan pasaran banjur kajumlah:
A. Kanggo metungi wong minggat.
Petunge neptune dina lan pasaran dibuang 3-3.
Yen turahe ana:
1 donya ilang,kang minggat ora ketemu.
2 ketemu.
3 lepas parane.
B. Parane kang minggat:
gunggunge neptune dina lan pasaran di buang 4-4.
Yen turahe ana:
1 mangetan,enggal lawase bisa ketemu.
2 mangulon.
3 mangalor
4 mangidul.
C. Kanggo metungi wong lulungan teka lan orane,jalaran wis lawas ora mulih,iku petunge jipuk dina titi mangsa angkate,gumggunge neptune dina lan pasaran di buang 3-3
yen turahe ana:
1 kasengkala ana ing saba paran.
2 enggal tekane
3 lawas tekane.
D donya ilang ketemu lan orane.
Neptune dina pasaran di buang 3-3
yen turahe ana:
1 ora ketemu
2 ketemu
3 ora ketemu nanging wang kang nyolong banjur loro.
E lanang wadone kang nyolong,petunge kaya kasebut D, yen turahe ana:
1 lanang
2 wadon
3 samar
F rerupane kang nyolong, kaya kasebut E, yen turahe ana:
1 ireng
2 ambambang awake
3 semu putih
G sapa kang nyolong,petunge kaya kasebut A,
yen turahe ana:
1 kanca dewe
2 wong sajroning omah
3 wong adoh

Pasangan hidup sejah tera

pertama menentukan pilihan untuk pasangan kita:
1. Kita memilih pasangan yang satu keyakinan/satu agama.
2. Harus saling mempercayai satu sama laina
3. Kita harus pegang dengan benar, apa yang telah kita ikrarkan,dan sesegera mungkin kitapecahkan apa bila ada permasalahan sekecil apa pun,
4. Kita harus sama sama bekerja untuk memenuhi kebutuhan kita sehari hari,bagaimana pun,itu adalah kebutuhan kita yang harus di penuhi.
5.kita harus sama sama menjalankan agama dengan sugguh sungguh,karena memang kita hidup di dunia ini tujuan nya adalah mencari bekal ke ahirat.
6. Kalau kita menjalan perintah allah dengan sungguh, allah akan mengabulkan apa yang kita inginkan.
7.begitulah sekelumit pengalaman yang saya pakai dan allham dulilah berhasil.

Minggu, 22 Januari 2012

sirikaning dina

petung menawa wong duwe gawe,anyirika dina ala,sarta dina sangaring sasi,pakolehe slamet.
1. Sasi-pasa-sawal-dulkaidah (sangaring sasi-jum'at,/dina ala sabtu,ahad)
2. Sasi-besar-sura-sapar(sangring sasi-sabtu,ahad,/dina ala-senen,selasa)
3. Sasi-mulud,rabingulakir,jumadilawal(sangaring sasi-senen,selasa,/dina ala-rebo,kemis)
4. Sasi-jumadilakir-rejeb-ruwah(sanaring sasi-rebo,kemis,/dina ala-jum'at)

Petung na'as

sarat sarat kanggo wong lulungan,supaya nemu rahayu.
1. Ahad hanyirika wayah,malene sawengi pisan,sarate asusumping angluluri tindake kanjeng nabi yusup.
2. Senen hanyirika wayah,tengahe srengenge/srengenge ing tengah,sarate natap lelandep,angluluri tindake sayidina ngumar.
3. Selasa hanyirika wayh esuk kira kira jam 6-8,sarate mangang tangan ing geni, anglulure sayi dina abu bakar.
4. Rebo hanyirika lingsir wetamn,kira kira jam 8-10.sarate kekudung jarik,angluluri tindake kanjeng nabi yakup.
5. Kemis hanyirika wayah, tengae srengenge,srenge ing tengah.,sarate tumenga ing angkasa, tumungkul ing pratiwi,angluluri tindake sayidina ngali
6. Jum'at hanyirika wayah asar ,sarate kekemu sarta susur,angluluri tindake kanjeng nabi muuhamad.
7. Sabtu hanyirika way
ah lingsir kulan kira kira jam 2-4,sarate ngandut lemah ing puser, angluluri tindak ing nabi adam

Sabtu, 21 Januari 2012

ngalamate kemangga

yen di weruhi utawa di parani kemangga kang sikile isih jangkep 8,bakal oleh arta.

Ngalamate kupu putih

ngalamate-yen katekan kupu putih cilik banget,lumrahe tekane ing wayah bengi,ngalamate becik,arep oleh seneng ati utawa rejeki.

pal lelakoning manungsa

ora bisa oncat saka wayah kang wus katemtokake kaya ingisor iki:
1. Ahat jam:6,7,11,1,5.
2. Senin jam:8,10,1,3,5
3. selasa jam:7,10,12,2,5
4. Rebu jam:7,9,11,2,4
5. Kemis jam;8,11.1,3,4
6. Jum,at jam:3,10,12,3,4
7. S abtu jam:7,9,12,2,4

Jumat, 20 Januari 2012

Ngedegake omah

Wateking sasi kanggo ngedegake omah:
1. Sasi sura wateke_akeh kacilakan.
2. Safar wateke_enggal tilar donya(mati)
3. Mulud wateke_cilaka
4. Rabingulakir wateke_becik(slamet)
5. Jumadilawal wateke_akeh dosane
6. Jumadilakir wateke_akeh tamu
7. Rejeb wateke_becik sajroning omah
8. Ruwah wateke_di tresnani sadulur akeh
9. Pasa wateke_katekan duwit
10. Sawal wateke_mulya
11. Dulkangidah wateke_akeh wong seneng
12. Besar wateke_akeh setane

Pati uriphng dina

petung kanggo lelungan golek rejeki,manawa golek sandang pangan ing ngendi parane amilia dina kang urip, adat bisa oleh kang dadi sedyane.
1.Ahad uripe dina mangidul mangetan(laraning dina mangalor)patine dina mangulon.
2.Senen uripe dina mangidul(laraning dina mangetan,mangulon)patine dina mangalor.
3.Selasa uripe dina mangalor(laraning dina mangidul mangetan)patining dcna mangulon.
4.Rebo uriping dina mangalor mangetan(laraning dina mangalor)patining dina mangidul.
5.Kemis uriping dina mangidul mangetan(laraning dina mangulon) patining dina mangalor.
6.Jum'at uriping dina mangalor(laraning dina mangetan mangulon)patining dina mangidul.
7.Sabtu uriping dina mangulon(laraning dina mangidul mangetan)patining dina mangalor.

Uriping pasaran

Uriping pasaran:
1. Kliwon neptune-8
2. Legi neptune-5
3. Pahing neptune-9
4. Pon neptune-7
5. Wage neptune-4

Uriping dina

Uriping dina:
1) senen neptune-4
2) Selasa neptune-3
3) Rebo neptune-7
4) kemis neptune-8
5) Jum'at neptune-6
6) Sabtu neptune-9
7) Ahad neptune-5

Kamis, 19 Januari 2012

Watak dino lan pasaran tumrap bayi lahir

wateke dina tumrap bayi lahir.

1) Akad watake-panas,yang surya, sarate menawa lulungan_nganggo sumping kembang.
2) Senen watake-welasan,yang candra,sarate menawa lulungan_angetrapake lelandep,watak gampang sedyane.
3) Selasa watake-banter-sarate menawa lulungan_anglarani tangan, watak jinurung sakarsa.
4)Rebo watake kuwat,yang sambo, sarate menawa lulungan_akekudung,watak antuk rejeki lan kabungahan.
5)kemis watake murka,yang yama,sarate menawa lulungan_tumenga tumungkul, watak aji keringan.
6)jum'at watake adem,yang basuki,rarate menawa lulungan sisi lan raup,akeh kang samya asih.
7)Sabtu watake ginaguguwa,yang guru sarate menawa lulungan,njejak bumi ping telu,tan ambegan,puser kahusap lemah,watak pinituhu ing sapapadane.

Selasa, 17 Januari 2012

candrane bayi lahir

candrane bayi lahir miturut wetone,nanging mung miturut pasarane wae.
Yen ana bayi lahir ing pasaran:
1 kliwon wateke:mengku, tuwin niteni.
2 legi wateke;krama amrih sae.
3 pahing wateke:pradah amrih asil.
4 pon wateke:diri ing sarira.
5 Wage wateke:kenceng ing petung