Minggu, 22 Januari 2012

Petung na'as

sarat sarat kanggo wong lulungan,supaya nemu rahayu.
1. Ahad hanyirika wayah,malene sawengi pisan,sarate asusumping angluluri tindake kanjeng nabi yusup.
2. Senen hanyirika wayah,tengahe srengenge/srengenge ing tengah,sarate natap lelandep,angluluri tindake sayidina ngumar.
3. Selasa hanyirika wayh esuk kira kira jam 6-8,sarate mangang tangan ing geni, anglulure sayi dina abu bakar.
4. Rebo hanyirika lingsir wetamn,kira kira jam 8-10.sarate kekudung jarik,angluluri tindake kanjeng nabi yakup.
5. Kemis hanyirika wayah, tengae srengenge,srenge ing tengah.,sarate tumenga ing angkasa, tumungkul ing pratiwi,angluluri tindake sayidina ngali
6. Jum'at hanyirika wayah asar ,sarate kekemu sarta susur,angluluri tindake kanjeng nabi muuhamad.
7. Sabtu hanyirika way
ah lingsir kulan kira kira jam 2-4,sarate ngandut lemah ing puser, angluluri tindak ing nabi adam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar