Senin, 23 Januari 2012

petung kanggo pitakonan warna warna

petunge neptune dina lan pasaran banjur kajumlah:
A. Kanggo metungi wong minggat.
Petunge neptune dina lan pasaran dibuang 3-3.
Yen turahe ana:
1 donya ilang,kang minggat ora ketemu.
2 ketemu.
3 lepas parane.
B. Parane kang minggat:
gunggunge neptune dina lan pasaran di buang 4-4.
Yen turahe ana:
1 mangetan,enggal lawase bisa ketemu.
2 mangulon.
3 mangalor
4 mangidul.
C. Kanggo metungi wong lulungan teka lan orane,jalaran wis lawas ora mulih,iku petunge jipuk dina titi mangsa angkate,gumggunge neptune dina lan pasaran di buang 3-3
yen turahe ana:
1 kasengkala ana ing saba paran.
2 enggal tekane
3 lawas tekane.
D donya ilang ketemu lan orane.
Neptune dina pasaran di buang 3-3
yen turahe ana:
1 ora ketemu
2 ketemu
3 ora ketemu nanging wang kang nyolong banjur loro.
E lanang wadone kang nyolong,petunge kaya kasebut D, yen turahe ana:
1 lanang
2 wadon
3 samar
F rerupane kang nyolong, kaya kasebut E, yen turahe ana:
1 ireng
2 ambambang awake
3 semu putih
G sapa kang nyolong,petunge kaya kasebut A,
yen turahe ana:
1 kanca dewe
2 wong sajroning omah
3 wong adoh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar